Juknis Lomba Baca Geguritan Virtual (Nasional)


Refisi: Lomba Tingkat Nasional
Kontribusi peserta dapat TF di:

Rek Bank Jatim an Emi Sudarwati
0082455868

Rek BRI an Emi Sudarwati
0011 01 005862 53 1

Bank BCA 
No Rek. 8243002093
Atas Nama: Emi Sudarwati


Contoh Naskah Lomba:

WONG JAWA

Suripan Sadi Hutomo

Wong Jawa aja jawal

Jawa jawal Jawane kadhal

Apa sliramu Jawa, mitraku

Geneya kok-ngiris atiku?

 

Ronggowarsito lan Aristoteles

Yosodipuro lan Sokrates

Padha dene pujangga linuhung

Padha dene pujangga kanga gung

Yen kok semak buku filsafat

Yen kok semak ilmu masyarakat

Mung ana siji keblat

Kang ajine ora mekakat

Kang gawe ati nggrantes

Awit mung Aristoteles lan Sokrates

Sinebut sinobya ukara

Rinoncen kembang maneka

O, Ronggowarsita

O, Ya Sadipura

Awit apa basa Jawa

Kang ora bisa diwaca?

Awit apa mung basa latin

Kang bisa anuntun batin?

 

Wong Jawa aja jawal

Jawa jawal Jawane kadhal

Apa sliramu Jawa, mitraku?

Geneya kok ngiris atiku?

 

Kecubung ungu ing taman kutha

Iki kahanan kang nembe teka

Apa sliramu bakal wuda

Melu-melu angumbar dhadha?

 

Wiwawite lesbadhonge

Tabik-tabik sunan kali

Kita ngadeg ing grumbul srengenge

Kita wani ndhudhah ati

Sumber: Jaya Baya (12 Maret 1972)

 

 

 

UDAN

R. Giryadi

 

udan riwis-riwis iku nggawa ati atis

aku ing kene ijen nyawang mega klawu

ora ana kluwung agegambar ing ati

ati kang wus sakala suwe garing aking

ora nate ketaman banyu kang ngucur

saka padusan. padusan kang tumetes

saka luhku dhewe.

 

udan riwis-riwis iki nggawa kumandange

ati kang ra wis-wis pingin asesujud marang

kang maha sujud.

ning krentege ati kaya klawune mega

ora isa tinebak. ora isa dadi putih memplak

memplake langit kang ambane sak olap-olap.

 

udan riwis-riwis iki ora wis-wis

agawe ati atis. ati kang nora tumitis

ngerti pambisike hawa adem

kang mok sebulake saka

dunga rina-wengi, gur kanggo awaku

kang ndhepipis ing pinggire grimis.

 

Surabaya, pinggire grimis ing wanci awan, 2014

KENJERAN

R. Giryadi

 

kenjeran ing isuk iki tak anti kabarmu

kang tumeka saka watesing panyawang

panyawang kang lamur lamun urip winates pantes

murih gung ing kang maha umur.

 

kenjeran ing isuk iki

ing gisik iki aku nratas dalan lawas

kang ngerak jruning wedhi asin

ana tracak karipta lamuk lamuk:

ora kawaca ning mandhes ing jaja.

 

kenjeran ing isuk iki

kabarmu kang tak anti saka watesing panyawang

tumumpang prahu cilik uglak-uglik

krana ombak nyempyak-nyempyak

nggawa usada, usadaning asin anyepe urip.

 

kenjeran ing isuk iki

prahumu isih kaya wingi uni

nunggu miyake langit ngawa angin silir silir

sowan kang maha sihir.

 

Surabaya, kenjeran rikala isuk sakdurunge njuri nulis cerpen, 2014

KELUD

R. Giryadi

 

rikala aku sambang awakmu

ana tracak kang gumelar dawa

sak dawane lurung ing desa iki

lurung iki kaya tetembangan

aku rerengengan lumantar

angin silir-silir ngumbar warta

 

ing gunung iki

gunung kang kebak wadi

aku nyoba nyenyuwun

ing gelaran tracak kang gudras

kringet. kringet kang durung

atus sak dawane lakon

lakon sing marake ati ketaton.

 

wis-wis..

aku ora bisa nerusake laku

lakuku kepranggul watu gunung

sikilku gruyak-gruyuk

napaki undak-undakan urip

urip kang kepara ngrangas

:sepi lan kebrangas.

 

kilisuci, panyuwunku

dadekna sumur iku

sumur kang agung

sumur kang ora kebrangas

ganas

sumur kang entuk paelu

gawe mbasuh lara brantaku.

 

Kediri, rikala munggah Kelud, seminggu

Sawuse njeblug, 2014

KRETEG

R. Giryadi

 

kreteg uglak-uglik iki tak sabrangi

ing pucuke tumata aksara

kang durung kawaca

durung karipta

 

aku kepingin sanja

kreteg uglak-uglik iki nuntun aku

nratas dalan-dalan

kang kebak pitakon

 

iku tanda aksara apa?

kreteg iki ora sumaur

lakuku kepontang panting

pucuke kreteg sansaya muthit.

 

iki sapa kang aripta?

sikilku groyok. awakku oleng

ara ana pinyauran.

kreteg kang tak liwati iki

mbideg njegideg.

: atiku trataban

eling samubarang

eling dedosan kang

nyrimpeti lelakon iki

 

kreteg iki. kreteg uglak-uglik

ngelikake patrabe lelakon

kang terus mbuntuti lelakune

urip.

urip kang winates. urip kang

ora bakal mbalik mburi

urip kang wani ora wani

kudu nyebrangi kreteg

uglak-uglik iki.

 

Kediri, rikala sambang gunung Kelud, 2014

 

 Silahkan isi biodata berikut:

https://forms.gle/JFJdtA9VftrrzjgF7

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Pengajuan PAK ke IVB